-->

KUMPULAN KATA KATA JOWO LUCU

KUMPULAN KATA KATA JOWO LUCU



Nyong anane kaya kiye, nek kowe ora trima ya nganah nggolek liane wae. #sikap #sokpayu


Arep diomongno apa maning. Deweke ora bakal dadi siji. kowe neng kana nyong neng kene, senajan atiku milih kowe..



Dudu pacare sering bareng, karo pacare malah ora tau bareng. Yakayakuwelah.


Sing sesuai karo kriteriamu akeh, tapi sing gelem kowe sing ora ana. #JombloKuweSederhana


Nek apa apane gampang, menungsa ora tau sinau.


Gantenge secukupe wae lah, keluwihen mbok malih dadi serigala.


Sing apik raine lan apik atine kowe ana, Ana sing duwe.


Cah wadon bar di puji tambah langsing, mangane malah tambah akeh.


Awale sok jual mahal. Langka sing gelem, ora payu akhire di obral. #sewutelu


Mbukak sms isine mung sekang operator tok. Dear operator, kowe perhatian temen karo nyong? Mbojo wae yuh..

Olahraga kuwi penting, contohe joging. Sapa ngerti ketemu jodohe. #modus

Wis jam semene wae nyong esih mikirna kowe, kurang apa maning jajal, kurang apa??

Manusia setengah baya kuwi maksude mahluk separo wong separo boyo?! #medeni

Pembalap : muteri sirkuit nggolek piala | Jomblo : muteri GOR/alun-alun nggolek mangsa.

Motormu nek ora tau ana sing mbonceng, dimodif kaya MotoGP wae..

Fans Real Madrid piye kabare? Ngising lancar?!

Nyong sih wonge kepenakan. Udu pacare tapi gelem bareng ya kepenak wae. Ora maksa ikih.

Jomblo kie kudu kreatif, senajan ora duwe pacar tetep iso malem mingguan. #karopacarewong

Tenang wae, kabeh mau ana wektune. Tapi ya mbuh kapan.

Loading...
Jere sih, nyong kowe ganteng. Tapi sayang jarang warase. | Lah, genah gemblunge kowe sing marai ganteng.. #bangga

Sing sering nikung pacare wong kudune di hukum berat. Kena pasal penghilangan jodoh secara paksa.

Kos kosan kuwi panggonan sing paling irit nggo pacaran. Murah meriah, wedang bening segendul wae cukup. #tipsDaplun

LDR kuwi ya kaya pacaran karo medi, langka wujude.

Kabeh tugas kuwi gampang, nek ora usah di garap.

Hawane panas pisan.. Rasane kaya krungu kabar mantan pacar.. *nyemplung kedung*

Esuk esuk kowe mikire sing apik apik wae ben tentrem atine. Nek mikire elek terus, kapan bahagiane?!

Hubungan lanang karo wadon kuwi dijenengi workshop. Sing lanang tugas nyambut gawe (work), sing wadon belanja (shop).

Mentri sing ngurusi jomblo ora ana kie?? Padahal kui devisa negara sing melimpah sing kudu dilindungi.

Pembalap : nikung miring ben motore ngebut nambah kecepatan | Jomblo : nikung pacare wong ngrebut dadekna gebetan.

Nrimo apa anane kowe, aja mung neng lambe.

Ketemu kowe nggo ngobrol, nek ketemu tapi dolanan hape dewek2 mending turu wae.. *banting hp* *tutur maning* *eman2*

Mulane nek duwe pacar di urusi, aja di anggurna. Kecantol wong lia nembe ngrasakna.. #kawus

Pacarmu ora perhatian, trus kowe njaluk tulung karo nyong, tak tulungi. Eh kowe malah dadi seneng karo nyong. Salah?!


Bukane ora duwe pacar, mung lagi ora kepengin pacaran wae.

Neng dunya kie akeh wong ayu, tapi kowe sing paling ayu neng atiku.. #eaaa (soale kowe tok sing gelem karo nyong)

Dina jemuah semoga nggawa berkah, ilang susah ati bungah.

Jenenge wong urip ya mesti ana masalah, wong wis ora urip wae masalahe wae durung rampung.

Selingkuh sih ora, mung lagi betah karo sing luwih perhatian wae.

Tresna kowe dibuktikna, ora mung di ucapna.

Sing penting kowe bahagia.. Tapi karo nyong, udu karo wong lia.

Wong wadon nek lagi mutung kuwi pelampiasane meng panganan. Mangane akeh, lemu ora urusan.

Urusi disik uripmu sing bener, nembe ngurusi wong liyo.

Cieee sing arep malem mingguan neng ngumah wae tapi wis rapi.. #mubah

0 Response to "KUMPULAN KATA KATA JOWO LUCU"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel